Skip to main content

Soal UAS Bahasa Jawa SMP Kelas 8 Semester 1 2019 K13 Revisi


Soal UAS Bahasa Jawa SMP Kelas 8 Semester 1 kurikulum 2013 revisi - Sebagaimana yang diketahui bahwa Ujian Akhir Semester akan diadakan, pada bulan November /  Desember. Terutama untuk jenjang sekolah SMP/MTs. 

Dan untuk menunjang kebutuhan akan soal latihan, admin akan mempostingkan latihan soal UAS semester ganjil di mata pelajaran Bahasa Jawa untuk kelas 8. 

Bahasa jawa adalah mapel mulok yang disesuaikan dengan daerahnya masing - masing. Materi UAS Bahasa Jawa Kelas 8 semester 1 di yang saya bagikan ini mengacu pada standar kurikulum 2013 revisi .  Yang mana merupakan bab yang dipelajari selama 6 bulan semester gasal kelas 8.

Soal UAS Bahasa Jawa SMP Kelas 8 Semester 1 2019 K13 Revisi

Soal UAS Bahasa Jawa SMP Kelas 8 Semester 1

Sebenarnya UAS di kurikulum 2013 revisi sudah berganti istilah menjadi PAS, tapi karena banyak dari sebagian kalangan mengenalnya UAS. Maka judul artikel di buat seperti itu.

Soal UAS bahasa Jawa ini berjumlah 50 butir soal pilihan ganda, dengan tambahan file PDF yang bisa di download secara gratis. 


Soal UAS Bahasa Jawa SMP Kelas 8 Semester 1 2019 K13 Revisi PDF, DOWNLOAD

Baiklah, langsung saja berikut ini adalah Soal UAS Bahasa Jawa SMP Kelas 8 Semester 1 2019 K13 Revisi. Selamat mengerjakan... 

1 Wacanen kanthi titi kanggo pitakon nomer 1-3
Nalika semangat-semangate mbukaki amplop, masku nemoake salah sawijine amplop kang kandel banget. “Akeh iki isine, amarga amplope kandel,” kandha masku. Bareng dibukak, praupane masku beda. Rasa semangat mau berubah dadi mbesengut, nanging masku ora kandha apa-apa. Mung klakep lan nyingitake amplop nang mburi gegere. Aku penasaran apa kang dadi sebab masku dadi mbesengut kaya ngunu. Mula, meneng-meneng tak rebut amplop iku saka tangane masku. Nalikane dakbuka dudu dhuwit, nanging kertas HVS sing tulisane “Sepurane Kang, durung bayaran”, jebule kabeh sing ana ing kono padha ngguyu cekikikan. Masku mung kisinan nyawang tingkahku.

Punggelan crita ing nduwur kalebu bageyan.... 
A. pambuka (orientasi)
B. pasulayan (komplikasi)
C. pangudar prakara (resolusi) 
D. dhudhutan

2 Kahanan ing crita kasebut yaiku....
A. lucu.
B. sedhih. 
C. susah.
D. nggegirisi

3 Prakara kang ana ing crita kasebut disebabake karo ....
A. Saking semangate mbukak amplop nganti ora dideleng disik
B. Si Mas ora ngakoni kang sebenre ana ing njero amplop
C. Nemu amplop kandhel kadung dikira isi dhuwit akeh
D. Si Mas wis kadung kisinan nyawang tingkahe adike
4 Wacanen kang titi kanggo mangsuli soal no 4-5
Gusti Maha Welas
Wis rong sasi Mbok Wiro lara. Jare dokter, Mbok Wiro lara merga akeh anggone mikir. Pawarta kuwi krungu nganti kupinge Pak Lurah. Mbok Wiro mung bisa nangis nalikane Pak Lurah lan garwane takon apa kang dadi pikire.Mripate Mbok Wiro kekembeng luh. Pak Lurah lan bu Lurah melu sedhih ndeleng kahanane Mbok Wiro, merga saksuwene iki mbok Wiro ora tahu sambat lan kalebu wong kang sabar banget nglakoni kauripane kang angel. Semono ugo Marti, anake sing nyanthuk nunggoni njur melu prembik-prembik nrocos mripate. Bu Lurah tanggap, yen Mbok Wiro ewuh anggone arep matur, mula pak lurah sekalihan banjur ngajak metu Marti neng ngomah ngarep.Bareng Marti wis didhawuhi lungguh ing lincak, pak lan bu lurah njejeri Marti neng kiwa tengene. Bu Lurah nakoni Marti babagan apa kang sabenere sing dadi pikire Mbok Wiro.

Tangise Marti tansaya ndrodos. Karo nangis dheweke crita yen dheweke ora oleh melu ujian merga urung mbayar SPP wis petang ulan lan urung mbayar ujian kang akehe petang atus pitungMpuluh ewu rupiyah. Sabanjure, Marti mlayu mlebu njero omahe merga isin marang Bu Lurah lan

Pak Lurah. Pak lurah lan garwane mung bisa nyawang Marti sedhih.

Sesuke, Marti kaget banget nalikane ngerti gurune teka ing omahe. Dina iku Marti disusul kanggo melu ujian. Marti mung nyawang gurune ninggalke pitakonan gedhe ing pucuk mripate. “Kabeh SPPlan biaya ujianmu wis dilunasi karo Pak Lurah. Dadi, kowe ora usah khawatir, saiki

gantinen klambimu karo seragam lan melu Pak Guru menyang sekolah kanggo ujian.”

Sanalika iku Marti ngadep kiblat. Awake rubuh sujud syukur marang Gusti kang Maha Welas

Tema kang ana ing sajroning crita, yaiku.... 
A. babagan pendidikan
B. babagan katresnan 
C. babagan ketuhanan 
D. babagan budaya

5 Watak Pak Lurah ing sajroning crita kasebut yaiku....
A. seneng tulung-tinulung
B. sabar
C. sombong
D. seneng pamer

6 Wacanen kanthi titi kanggo pitakon nomer 6-7!
Sakabehe kendaraan lakune nggremet. Suara mesin padha nggereng-nggereng dikasilake saka gas kang diidek sopir kang wis ora sabar pengin teka panggone dhewe-dhewe.Sedhela-sedhelaMmandheg. Wis jan ora ana nikmate merga kahanane uga panas banget. Srengenge tepak ing pucuking ulu.

Latar wektu lan kahanan kedadeyan ing crita kasebut yaiku .... 
A. wayah esuk nalika ngantri ing TOL
B. wayah sore nalika ana kobongan
C. wayah awan nalikane macet ing dalan
D. wayah bengi nalika numpak bis

7 “Bagaskara wis angslup, nandhakake yen wektu wis sore.” Tembung „bagaskara‟ ing crita kasebut nduweni teges....
A. gunung
B. srengenge
C. genteng
D. lampu

8 Kanggo pitakon nomer 8-9
1. Ngerti iku, ibune Ratri langsung nyekeli tangane bapake, “Wis pak, ora ana gunane. Luwih apik saiki mikir supaya piye carane Ratri bisa waras saka Narkoba.”
2. Saknalika Bapake Ratri muntab, “Arep dadi apa kowe? bapak ibumu adol kringet ngalor ngidulMben bisa ngragati kowe, nanging balesanmu kaya ngene!”
3. Bapak lan ibune Ratri ora percaya nalikane nampa surat saka sekolah kang nerangke babagan anake ditokne saka sekolah merga kena kasus narkoba.
4. Ratri mung bisa misek-misek njaluk sepura marang wong tuane. Nanging, bapake malahMngangkat tangane dhuwur arep ngajar Ratri.
5. Krungu iku, atine bapake banjur ngleleh. Saknalika pundakke Ratri dirangkul rapet. “Bapak nyuwun sepura, Nduk. Kowe kaya ngene bisa uga amarga Bapak kurang perhatian marang kowe. Sepurane, Nduk”

Urutan crita kang bener yaiku....
A. 3-1-2-4-5
B. 3-4-1-2-5
C. 3-2-4-1-5
D. 3-2-1-4-5


9 Bukti kang nuduhake kahanane saya tegang ana ing nomer....
A. 2 lan 1
B. 2 lan 4
C. 4 lan 1
D. lan 5

10 Ukara kang kalebu bageyan pambuka cerkak,yaiku....
A. atine ngenes ora bisa melu nari merga sikile kudu diamputasi
B. sore kang endah rumesep jroning ati, luwih-luwih kanggone wong kang adoh karo keluarga
C. sanalika riyan mbrabak abang krungu ukara sing kaya mengkono
D. dheweke banjur nyawang wong tuwane kang gumlethak ing peturon iku.

11 Ukara iki kang kalebu bageyan pangudhare prakara yaiku....
A. laras atine bungah banget merga saiki wong tuane wis akur lan ora tau padu maneh.
B. kaya biasane, saben esuk sakdurunge mangkat sekolah, hasan ngrewangi bapake dodolan 13koran.
C. wiwit kaget banget krungu telpon saka ibune, ngabari yen bapake wis seda.
D. sakbanjure kuwi retno lunga, gawa sakabehe barange mulih menyang wong tuwane.

12 1. Isine lelakon kang ana ing kitab Ramayana
2. Kaiket guru, lagu. wilangan lan guru gatra
3. Awujud gancaran (prosa)
4. Ngandhut piweling lan pitutur ing bebrayan
5. Ana paraga utama lan paraga panyengkuyung
Sing kalebu titikane (ciri-ciri) crita crita cekak yaiku .... 
A. 1, 2, lan 3
B. 1, 4, lan 5
C. 2, 3, lan 5
D. 3, 4, lan 5

13 Yen kabeh wong bisa urip rukun lan padha nduweni rasa mangerteni, urip ing ndonya bakal… ora ana sing musuhan.
Tembung saroja kang bener kanggo njangkepi ukara kasebutyaiku .... 
A. andhap asor
B. tukar padu
C. jejel riyel
D. ayem tentrem

14 Ukara sing nggunakake tembung saroja yaiku ...
A. Dhasar bocah kandel kupinge, dikandhani kok ora nggugu
B. Aja mung adol bagus, mengko akeh sing ora seneng.
C. Arjuna iki satriya saliyane bagus ya satria sing gagah prakosa
D. Omonganmu tansah ngabangake kuping wong sing grungokake

15 1. lunyu ilate 4. andhap asor
2. adil makmur 5. mahraja
3. gedhe endhase 6. ayem tentrem
Saka daftar ing dhuwur, sing kalebu tembung saroja yaiku .... 
A. 1, 2, lan 3
B. 1, 3, lan 5
C. 2, 4, lan 6
D. 2, 5, lan 6

16 “Mendhunge peteng....kayake arep udan deres.”
Tembung saroja kanggo njangkepi ukara kasebut yaiku .... 
A. jingglang
B. ndhedhet 
C. klemeng 
D. mamring

17 “SMP 6 katon edi peni, amarga tandurane ijo royo-royo uga gedhung kang tumata.” Tegese tembung „edi peni‟saka ukara kasebut yaiku ....
A. apik banget 
B. seger banget 
C. resik banget 
D. rapi banget

18 “Ora mbedakake suku, agama, lan ras. Warga Desa Seneng Maju pancen guyub....”
Tembung saroja sing mathuk, kanggo njangkepi ukara kasebut yaiku .... 
A. tentrem
B. raharja 
C. aman 
D. rukun

19 Bayu uga dadi bocah kang pinter ing kelas VIII E. Mula dheweke diarani bocah kang…
Tembung entar kang bener kanggo njangkepi ukara kasebutyaiku ....
A. dawa tangane. 
B. landhep pikire. 
C. abot pikire.
D. jembar kahanane.

20 1. babak bundhas
2. adus kringet
3. cilik atine 
4. sarwendah
5. malang megung
6. sinom
Sing kalebu tembung entar saka daftar kasebut yaiku ...
A. 1 lan 3
B. 1 lan 5
C. 2 lan 3
D. 4 lan 6

21 “Ati-ati yo yen nggawa HP amarga ing kene ana bocah sing dawa tangane. Tapi apa wae sing sing dilakokake mesthi ketemon ing mburine.”
Tegese tembung „dawa tangane‟ saka ukara ing dhuwur yaiku ....
A. Seneng nyolong
B. Seneng nyilih
C. Seneng nggawe
D. Seneng nyimpen

22 Rinto ngongkon Pandri ngilokne Bisma amarga Rinto mangkel banget marang Bisma. Mula Bisma dadi tukaran karo Pandri. Akhire Bismo karo Pandri ditimbali Bu Pinta.Tibake Pandri ora ngerti apa sing diilokake marang Bisma iku ora bener. Sing diilokake Pandri marang Bisma mung akal-akalane Rinto wae. Rinto ngongkon Pandri supaya apa sing dilakokake ora ketemon.Paribasane saka crita ing dhuwur yaiku ...
A. Sapa salah seleh
B. Becik ketitik ala ketara
C. Nabok nyilih tangan
D. Njalukan ora wewehan

23 Wis kelangan, ngetokake wragat maneh kanggo nggoleki malah ora ketemu pisan.
Ukara kuwi tegese saka paribasan ....
A. Kebo nusu gudel
B. Kebo ilang tombok kandhang
C. Kebo kabotan sungu
D. Kebo lumumpat ing palang

24 Wacanen kang titi!
Joni lan Parji ditimbali BK amarga nalika istirahat wog loro kuwi padha padu nganti antem- anteman. Sing diperkarana mung bulpene Joni dienggo Parji. Joni ora trima yen bulpene dienggo merga dheweke arep nggarap tugas. Nanging Parji tetep nulis nganggo bulpene Joni. Joni Muntab.

Paribasan kang bener kanggo nggambarne kahanane iku yaiku ... 
A. asu rebutan balung.
B. asu marani gepuk.
C. asu belang kalung wang.
D. asu gedhe menang kerahe.

25 Tegese bebasan iki Arep jamure emoh watange yaiku ....
A. Gelem rekasane lan ora gelem kepenake
B. Ora gelem rekasane lan kepenake
C. Gelem kepenake lan ora gelem rekasane
D. Gelem kepenake lan rekasane

26 1. narik kawigaten
2. nuwuhake pepinginane konsumen
3. menehi informasi
4. menehi nilai tambah
5. ngyakinake yen barang iku apik
Saka daftar i
Bab-bab sing kudu digatekake ana ing iklan saka daftar kasebut yaiku ....
A. 1, 2 lan 5
B. 1, 3 lan 4
C. 2, 3 lan 4
D. 2, 3 lan 5

27 Ing ngisor iki bab sig ora kudu ditemtokake dhisik sadurunge nindakake wawancara yaiku ....
A. Panggonan kanggo wawancara
B. Wektu kanggo wawancara
C. Klambine sing diwawancarai
D. Narasumber sing bakal diwawancarai

28 “Tiyang ingkang ngedhangi dalan/margi leres menapa boten?”
Wangsulan saka pitakonan kasebut yaiku ...
A. Bener, supaya wong liya bisa liwat dalan mau.
B. Ora bener, amarga wong liya ora bisa liwat lan ora sopan. 
C. Ora bener, amarga wong bisa liwat lan sopan.
D. Bener, amarga sopan lan bisa nyambut wong liya sing arep mlebu.

29 “Aku arep takon kowe.”
Ukara iku yen diowahi dadi basa krama yaiku ...
A. Kula ajeng tanglet sampean.
B. Kula badhe nyuwun pirsa sampean. 
C. Kula badhe tanglet panjenengan.
D. Kula badhe nyuwun pirsa panjenengan.

30 Wawancara kang pitakonane ora kasusun utawa ora dicepakake luwih dhisik diarani ....
A. wawancara kapimpin
B. wawancara bebas
C. wawancara tinarbuka
D. wawancara katutup


31 Pitakonan ngenani „jenenge narasumber‟ yaiku ....
A. Sinten nami sampean?
B. Sinten asmi panjenengan? 
C. Sinten asma panjenengan?
D. Sintennaminipun panjenengan?

32 “Kinten-kinten punapa ingkang ndadosaken lare-lare sakpunika tata kramanipun kirang?”
Pitakonan kasebut nuduhake wawancara peranngan ....
A. pambuka
B. isi
C. panutup
D. dudutan

33 Sawise nindakake wawancara kudune ngucapake ....
A. Nyuwun pangapunten lan nuwun sewu
B. Nyuwun pangapunten lan kula nuwun
C. Nyuwun pangapunten lan matur nuwun
D. Matur Nuwun lan kula nuwun


34 Yen arep takon alamat marang narasumber, tembung pitakon sing digunakake yaiku ...
A. sinten 
B. punapa 
C. pinten 
D. pundi

35 Sing kalebu pitakon pambuka ing wawancara yaiku .....
A. Punapa ingkang dados alangan nindakaken tata krama ? 
B. Kados pundi supados para siswa nggadhahi tata krama ? 
C. Bab punapa ingkang badhe panjenengan kersakaken ?
D. Punapa saran panjenengan kangge kelompok kula ?

36 “Maturnuwun sanget Bu kagem wekdalipun wawancara. Menawi wonten kalepatan kula nyuwun pangapunten, Bu Indri.”
Tegese tembung „wekdalipun‟ saka pethikan wawancara ing dhuwur yaiku ....
A. pambuka
B. isi
C. panutup
D. laporan

37 “Maturnuwun sanget Bu kagem wekdalipun wawancara. Menawi wonten kalepatan kula nyuwun pangapunten, Bu Indri.”
Tegese tembung „wekdalipun‟ saka pethikan wawancara ing dhuwur yaiku ....
A. kesempatane
B. wektune
C. kalonggarane
D. ngrepotake

38 Saka wawancara kasebut, panggonane ana ing ....
A. taman
B. lapangan
C. omah
D. sekolahan

39 Ing tanggal 5 Nopember 2015 aku kasil nindakake wawancara bab „pencemaran lingkungan‟ karo salah sawijining guru ing sekolahanku. Wawancara sing daklakokake kanggo tugas pelajaran Basa Jawa. Ing ngisor iki asil wawancaraku karo narasumber, Bu Indri.
Susanti : “Sugeng siyang Bu Indri”
Bu Indri : “Sugeng siyang, Susan.”
Susanti : “Nyuwun pangapunten Bu, punapa kula pareng nyuwun wekdalipun kagem wawancara?”
Bu Indi : “Iya ora apa-apa kok, ibu malah bungah dadi narasumber.”
Susanti : “Miturut paminggihipun Bu Indri, punapa „pencemaran lingkungan‟ punika lan jinisipun punapa kemawon Bu?”
Bu Indri : “Pencemaran lingkungan iku sawijining kahanan kang ora samestine. ing pungkasane gawe kapitunan tumrap lingkungan. Jenise ana „pencemaran‟ hawa, banyu, lemah lan sapiturute. „Pencemaran air‟ saka tumindake masyarakat.Amarga ora duwe papan kanggo mbuwang utawa ngolah uwuh, banjur dibuwang ing kali,mula banyu kali dadi reged saliyane iku ya bisa ndadekake banjir. Yen ing kutha-kutha akeh‟ pencemaran udara‟ amarga akeh pabrik, kendharaan kang ngetokake „asap‟ lan sapunanggalane.”
Susanti : “Miturut Bu Indri punapa ingkang kedah dipuntidakaken kangge ngatasi punika kalawau?”
Bu Indri : “Panemuku, gumantung kesadharane masyarakat dhewe.Menawa masyarakat sadhar bab karesikan lingkungan lan kapitunan sing disebabake pencemaran lingkunngan, mula pencemaran lingkungan bisa diendhani.”
Susanti : “Punapa sumbangsihipun sekolah kagem nyegah punika ?”
Bu Indri : “Kanggo nyegah kuwi bisa diwiwiti kanthi tumindak prasaja, tuladhane warga sekolah dikulinakake mbuwang uwuh ing tong sampah manut jenise.Lan terus dianakake sosialisasi ngenani karesikan lingkungan, marga sekolah kita kalebu sekolah adiwiyata. Mula bakal kena sanksi marang sapa wae kang ora mbuwang uwuh kanthi sembarangan lan ora njaga karesikan lingkungan sekolah.”
Susanti : “Maturnuwun sanget Bu kagem wekdalipun wawancara. Menawi wonten kalepatan kula nyuwun pangapunten, Bu Indri.”
Bu Indri :”Iya Susan.”
Susanti : “Sugeng siyang Bu.”
Bu Indri : “Sugeng siyang”


Tujuwan wawancara saka teks wawancara kasebut yaiku....
A. mading sekolah
B. tugas Basa Jawa
C. majalah sekolah
D. mading basa Jawa

40 1. nggunakake tembung anyar/asli
2. nggunakake basa krama
3. nggunakake ukara sing narik kawigaten
4. nggunakake tembung wilangan
5. nggunakake tembung‟ konotasi positif‟
Saka daftar ing dhuwur sing kudu digatekake ngenani unsur kebahasaan sajroning iklan yaiku ... 
A. 1, 2 lan 3
B. 1, 2 lan 4
C. 1, 3 lan 5
D. 2, 3 lan 5

41 

Tulisan sing cocog kanggo iklan ing dhuwur yaiku .... 
A. Gunakna banyu saperlune
B. Banyu kanggo uripe 
C. Bayar banyu aja telat 
D. Banyu resik urip apik

42  

Iklan kasebut manut tujuwane kalebu iklan .... 
A. barang
B. jasa
C. non komersial
D. komersial

43 

Gambar iklan kasebut manut isine kalebu iklan .... 
A. pendidikan
B. kesehatan 
C. pariwisata 
D. lingkungan

44 

Manut wujude, iklan kasebut kalebu iklan .... 
A. barang
B. jasa
C. komersial
D. non komersial

45 
 Gambar sing nuduhake iklan pariwisata, yaiku ....


46 1. nggunakake singkatan lazim
2. nggunakake tembung apik
3. nggunakake singkatan rahasia
4. nggunakake tembung sing jelas
5. nggunakake tembung sing singkat
Saka daftar kasebut sing kalebu syarat panulise iklan yaiku ... 
A. 1, 2 lan 3
B. 1, 4 lan 5
C. 2, 3 lan 4
D. 2, 3 lan 5


47 

Miturut tujuwane, iklan kasebut kalebu iklan
A. informasi
B. kuliner
C. komersial
D. non komersial

48 
Saka gambar iklan kasebut sing kalebu judul iklan/headline yaiku .... 
A. Kiya Potatoes
B. Stick kentang aneka Rasa
C. Gurh, lezat bergizi
D. Aneka Rasa

49 

Miturut isine iklan, gambar kasebut kalebu iklan.... 
A. pariwisata
B. kesehatan
C. pendidikan
D. kuliner

50 Kaidah panulise iklan kang ngemot ajakan lan wektu kang winates yaiku arupa ajakan kanggo sigra tumindak ing sanalika, kanthi weweh kauntungan mung ana ing wektu tartamtu, umpamane ...
A. cetha merk, fitur, tipe lan wernane
B. cetha merk lan wernane
C. tuku ing wektu kang ditawakake oleh diskon 15% 
D. tuku ing sanjabane sing ditawakake diskon 50%

Demikian artikel tentang Soal UAS Bahasa Jawa SMP Kelas 8 Semester 1 2019 K13 Revisi. Semoga bermanfaat...
Advertisement

Baca juga:

Comment Policy: Silahkan tuliskan komentar Anda yang sesuai dengan topik postingan halaman ini. Komentar yang berisi tautan tidak akan ditampilkan sebelum disetujui.
Buka Komentar
Tutup Komentar